Peranipun Guru ing Jaman Milenial


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Wonten ngarsipun para rawuh ingkang waskito ing tata basa jawi ingkang pantes tinuladha, bapa saha ibu guru ingkang pantes kinormatan, Para rawuh ingkang suka ing basuki, saha para siswa ingkang kula tresnani. Sugeng sonten.

Nyuwun pangapunten Ing kalodangan ingkang  sae punika, kula badhe ngaturaken menggah peranipun guru wonten ing jaman milenial puniko.

Kados ingkang kita sadaya mangertos, jaman milenial punika inggih punika jaman ingkang saget dipun sebut jaman ingkang mbetahaken inovasi lan kreativitas ing saben bidang, kalebet ing bidang pendidikan. Minangka guru, kita kedah saged jumbuhaken diri kaliyan kemajenganipun zaman.

Guru ing jaman milenial mboten namung mligi maringaken bahan ajar kemawon, nanging ugi minangka fasilitator ingkang saged ngrangsang siswa supados aktif, kreatif, lan inovatif. Guru ugi kedah dados panutan lan inspirasi kangge para siswa.

Ing jaman ingkang dipun kendaliekaken dening teknologi punika, guru kedah saged migunakaken teknologi kanthi efektif lan efisien. Mboten namung kuwatos kaliyan kemajengan teknologi, nanging malah saged migunakaken teknologi minangka piranti kangge nambah sae swasan pasinaon.

Para siswa ing jaman milenial punika dados generasi ingkang remen kaliyan bab-bab ingkang anyar lan nengsemaken. Guru kedah saged ngrantam  swasono pasinaon ingkang langkung interaktif lan ngremenaken,  supados siswa saged gumregut anggenipun sinau.

Kanthi punika peranipun guru ing jaman milenial punika sanget penting saengga saged nglantaraken soho mbangun  mbangun generasi emas bangsa.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Related

artikel 5931762913065738747

Posting Komentar

emo-but-icon

TikTok

Follow us !

Youtube News

Trending

ChatNeno

Tayangan

You Tube

item